Cari disini

20/08/10

kabar mutasi menyang smpn 1 genteng banyuwangi

Ing dina sabtu wancine meh magrib, kabeh padha siap-siap mbatalake pasa, ana kabar liwat sms "selamat bapake pindah ke rsbi smpn 1 genteng". allahu akbar2... kumandhange adzan, Alhamdulillah. Kabar iki tinampa saka garwane kepala smpn 1 genteng,diwangsuli karo nyonya "apa ora kleru alamat?" Sakwise padha sholat magrib-isya' lan tarawih ana wangsulan kang negesekae "Ora, sebentar lagi pakprapto akan terima sk mutasi ke smpn 1 genteng", langsung dakbales sms-e "matur nuwun"

Mutasi iku pancen bab sing lumrah tumrape pegawai negeri kalebu guru, aku dhewe kurang paham aturane sing saiki kanggo ing kepegawaian, sawise ana Otoda. Mutasi dudu barang anyar kanggoku, wiwit dadi cpns-pegawai negari ing panggonan kerja kang sepisanan yaiku SMP Negeri 2 Pesanggaran (saiki SMPN 2 Silir agung) wiwit tahun 1993 nganti 2002. Ing sekolah kang mentas wae madheg bebarengan karo kanca-kanca guru sing statuse PNS, CPNS, GTT, Kepala sekolah sih anyar, kabeh lumaku saiyeg saeka praya. Rasane minangka kulawarga kang brayate akeh, padha rukun.

Sarehne ana promosi kepala sekolah lumantar diklat kepala sekolah kang wis kasil lulus, mula wulan agustus 2002 nglakoni mutasi kang sepisanan. Sekolah kang dipasrahake kanggo dikelola SMP Negeri 2 Glagah (saiki SMP Negeri 1 Licin) adohe ora mekakat, 40 (patangpuluh)kilometer, budhal mulih 80 km, alhamdulillah kelakon kanthi lancar. Sawetara wektu lumaku, krungu-krungu sakjane ora oleh panggonan kang adoh, ana sawijining smp sing jarake kurang luwih 15 km, tapi merga ana sawijing bab kang ora mathuk mula ora sida kelakon

Rong tahun dinas ing kono, kena giliran mutasi maneh, ing tahun 2004 pindhah menyang SMP Negeri 3 Glenmore, sawijining sekolah kang manggon ana ing wewengkon pondhok pesantren, sebab biyen wiwitane madheg sing mandhegani yang pondhok pesantren krikilan iku. Sekolah iki kang biyen ora sida ditetepi, saiki iya bener kelakon dilakoni budhal mulih 30 km, sasuwene 2 tahun ana sekolah iki.

Tahun 2006 tampa sk mutasi, perlu dingerteni sepisan masa jabatan kepala sekolah iku patang tahun, sawise iku bisa diterusake marang masa jabatan kaloro, dene mlebu masa jabatan katelu yen pancene duwe prestasi iya bakal diterusake. Ing masa iki, sk kepala sekolah wis muni nganti tanggal agustus 2009. Mutasi sing katelu iki menyang SMP Negeri 2 Srono, jarake saka omah yang padha 30 km budhal mulih, mung bedane biyane mlaku ngulon malih mlaku ngetan.

Otoda, owah-owahane ngedab-edabi, Ibu bupati gawe keputusan masa kerja kepala sekolah kang wis kliwat saka patang tahun langsung ora diperpanjang, dilereni olehe dadi kepala sekolah. Tapi ana kanca siji kang bener-bener hebat senajan wis kliwat patang tahun tetep dadi kepala sekolah, nanging krungu2 ana sebabe yaiku dulure dadi ketua BKD. Mutasi maneh, menyang SMP Negeri 4 Genteng, wis ora duwe tugas tambahan dadi kepala sekolah mung mligi dadi guru, kondisi iki sakjane ya wis siyap merga kanthi etung-etungan masa kerja ing wiwitan dadi kepsek ditambah 12 tahun (3X) meksa isih durung pensiun ateges bali mligi dadi guru murni. Alhamdulillah kelakon lancar nganti tekane sertifikasi sing mujudake arah profesionalisme guru utawa pendidik, senajan ing kene ya wis lulus saka diklat pengawas sekolah, nanging merga ana syarat, kang durung bisa dipenuhi ya isih durung bisa klakon.

Ing wulan agustus tahun 2010 keprungu kabar mutasi maneh, ing dina senin karepe ngono budhal esuk ngadhep bos/kepsek eee nyatane tindak dhateng dinas kab.banyuwangi, ditunggu2 nganti awan akhire bisa pepanggihan, taktakokake apa bener, ya bener, nanging esuk mau sk-ne dibalekake, jarene ana kesalahan, embuh kesalahan apa kepala sekolah ora bisa njelasake.

Otada pancen ngedab-edabi, piye teruse, tunggu wae, lelakone urip, wektu terus lumaku kanggo gawe sejarah uripe manungsa, klakon apa ora, mutasi hal yang biasa kanggone pegawai utawa guru, alasane mutasi amerga pancen dibutuhake ing panggonan kang anyar, apa merga ana alasan liya, mung kang kuwasa gawe sk kang ngerti, dene pamawase sing ndelok utawa krungu mesthi duwe gambaran dhewe-dhewe.

Tidak ada komentar: