Cari disini

12/01/13

Pendidikan sebuah investasi masa depan dengan harga sekarang

Pendidikan sebuah investasi masa depan dengan harga sekarang
Tuku saiki dirasakake dina iki keuntungan selawase

Silaturahmi Bupati Banyuwangi karo para guru, kang wis nampa TPP (Tunjangan Profesi Pendidik) uga rawuh kepala sekolah, pengawas sekolah. Acara kang digelar lesehan ana ing lapangan tenis in door lumaku kanthi gayeng, Saka saben sekolah diwakili 3-5 guru, papan karpet kang wis kagelar ora cukup kanggo para guru kang rawuh, ana sing kepeksa lungguhan tanpa karpet. Iki mratandhani para guru banget kepengine sapejagong kalawan bupatine, iku kang digendikake dening Kepala Dinas Pendidikan Bp. Sulihtiyono.

Ana ing sesorah kang diaturake Bp. A.A.Anas (Bupati Banyuwangi) program - program kang wis diwiwiti antara liya:
  1. Program Siswa Asuh Sebaya
  2. Green and Clean
  3. Kendali Ibadah dan Kendali Belajar
Kabeh program mau kanggo nggayuh Banyuwangi Mandiri, Cerdas, Berakhlaq mulia. Para guru, kepala sekolah, pengawas, pejabat dinas pendidikan kudu saiyeg saeka kapti, gugur gunung, rukukanggo nyuksesake progam-program mau. Krana tangane pemerintah kang winates mula kudu bebarengan klawan masyarakat supaya sanggan kang ditanggung dadi enteng.

Ana siji maneh isine sesorah kang sajak narik kawigaten yaiku "bagaimana kita menciptakan pendidikan sebagai sebuah investasi masa depan dengan harga sekarang", Kepriye carane kita nggawe model panggulawenthah kanggo para siswa ing wektu iki 'rega saiki' kanggo wektu kang arep teka 'dimanfaatake ing dina iki lan sateruse'

Pamerintah wis tuku hak cipta buku kang disebut Buku Sekolah Elektronik (BSE) disiapake pamerintah gratis wujud soft copy, kanggo kabeh tingkatan SD, SMP, SMA, Nanging ing kanyatan sekolah utawa koperasi sekolah padha ngedol buku, kang ora ana ing BSE, mula saka pendidikan tetep isih dirasa larang, dirasa abot dening masyarakat.

Miturut panemuku kudune pemerintah daerah bisa kerja sama kalawan bank kanggo nyedhiakake kredit bank kang menehi kalonggaran marang masyarakat, utawane sing putrane pada sekolah. Kredit bank mau ora digunakake kanggo apa-apa sakliyane mung khusus kanggo tuku laptop sing regane bisa dijangkau, kanthi cicilan sesuai karo penghasilan masyarakat.

Umpama regane laptop kira-kira limang yuta (kredit saka bank) nalika putrane sing sekolah lagi kelas 1 SMP duwe wektu  telu nganti  nem tahun kanggo nutup kredit, Rega buku lan LKS ing sekolah sajrone 6 tahun SMP-SMA kurang luwih uga limang yuta.

Keuntungane:
  • Wiwit kelas 1 SMP para siswa wis padha nggawa laptop kanggo pembelajaran ana ing omah lan ana ing sekolah
  • Kabeh buku BSE bisa disinau kanthi gratis
  • Pembelajaran ing sekolah bisa luwih maju krana migunakake teknologi informasi, wujud intranet lan internet
  • Program internet murah kang wis digagas kerjasama karo telkom bakal kelakon
  • Menempatkan Wi-Fi di taman-taman kota, kecamatan akan semakin mendukung ke arah banyuwangi cerdas
Iku yen diwiwiti saka SMP, upama diwiwiti saka SD, kelas 4 umpamane,  bakal luwih akeh maneh keuntungane amarge wektune tansaya dawa. Dadi nukokake laptop ora usah ndadak ngenteni putrane yen wis padha kuliah, nalika metu SMA.

Luwih apik maneh menawa sekolah SMK kang duwe jurusan teknologi informasi, bisa nyediakake laptop kanthi rega sing luwih murah, nanging kualitase  hebat, tahan banting. Para siswa SMK bisa sinambi sekolah lan kerja kanggo ngasilake laptop.

Iki mujudake tantangan kanggone sekolah supaya bisa mujudake sekolah kanthi pembelajaran kang migunakake sarana teknologi informasi. E-learning, tugas-tugas kang kudu ditindakadke dening para siswa wis di- upload dening para guru ing web sekolah. Ulangan, Ujian bisa digarap liwat internet, lsp,