Cari disini

19/02/13

PIWULANG WARNA-WARNA



KIDUNG SAPELE

Apa mulane, kidung sapele, bisa gawe trenyuhing ati, ngelam-lami, angangeni, apa baya ta wadine ? Layake karana isi sastramilir, purwakanthi, kridhaning rasa-pangrasa, obahing jiwa manungsa.



Al Qur’an : II/261

Wong kang kanthi ihklas ngetokake bandhane miturut dalaning Allah, iku bebandhingane kaya dene nyebar wiji sa-elas, banjur thukul acawang pitu lan saben pang metu wohe satus iji. Lan Gusti Allah bakal nikelake ganjaranNe tumrap umate kang dikersakake, Jer Gusti Allah iku pancen Maha Murah lan Maha Priksa.





PASTHIKA RASA

Lelaraning awak lan lelaraning ati iku panggonane ing ilat.

Sing sapa temen marang awake dhewe, ora bakal goroh marang wong liya.

Bebasan mung sakedhap netra manungsa iku bisa ngebrukake wreksa kang gedhene sabuta kang umure wus ma-atus-atus taun.

Antarane kaluhuran karo kanisthan iku mung sajangkah dohe.

09/02/13

Si'iran Parase Nabi


Si'iran Parase Nabi iki wujud buku kang ditulis migunakake aksara arab nanging basane nganggo basa Jawa. Ing masyarakat Jawa lan umume luwih dikenal kanthi sebutan arab pegon. Basa Jawa sing ditulis nganggo aksara Arab. Ana uga kang nyebut arab gundhul, amerga tulisane ora nganggo harokat. Ing buku parase nabi iki dudu arab gundhul, naging nganggo harokat, dadi pamacane luwih gampang.

Isine nyritakake lelakone Nabi Muhammad SAW wiwit ana kandhutan, kena kanggo tuntunan supaya dadi wong kang ngerti. Migunakake basa kang lumrah saben dina supaya bisa gampang dimangerteni.

Bismillahirohmanirrohim
Abtadiu miwiti ingsun#muji ing allah kalawan nuwun
Ikilah si’iran ing kanjeng gusti#mula den si’ir parase nabi
Mula den pikir sarta den titi#bisaa terang kaya kang ngerti
Nabi Muhammad ingkang sinelir#arep den tutur ana ing si’ir
Putra jalere kiyai Abdullah#pinutraken ana ing Mekah
Durunge dhohir jeng rosulullah#den tilar seda raden Abdullah
Nalika seda raden Abdullah #iku benere ana Abwah
Den sarekaken ana Madinah#kari rerandhan Dewi Aminah
Sarta angandhut jeng rosulullah#tur masih tetep ana ing Makah
Sawuse dhohir menyang Ngunainah#den aturaken dewi Aminah
Den ajak lunga maring Madinah#ibune seda ana Abwah
Sanding kang raka raden Abdullah #den sarekaken ana Madinah
Nabi muhammad balik nyang Mekah #malah sang garwa dewi Khadijah
Sawuse dadi nabi utusan#lan kaparingan kitab qur’an
Sarta baline saiket syariat#para shahabat padha mufakat
Abubakar Umar Usman lan Ali#padha percaya syariat nabi
Tatkala parase nabi sinelir#iku den tutur ana ing sa’ir
Wong mukmin sawiji mure sahabat#ing Abubakar kebat anjawab
Ya Abubakar ratu mukmin#ing dhawuh tuwan kula kepingin
Kalane paras jeng rosulullah#dinane sasi niku punapa
Du’a mawon kuluk kang pundi #den paringaken jeng gusti
Ya Abubakar ratu ngandika#ing wwong mukmin kang paddha teka
Tatkala parase nabi Muhammad#bakdane kundur ing perang uhud
Ing dina isnen wus ana Mekah#iku kundure saking Madinah
Jeng gusti darus qur’an saksaat #mangka ketekan ing malaikat
Jibrail mbeta kalimat ayat #den paringaken nabi Muhammad
Puniki warni ayat Qur’an#den paringaken kekasih tuwan
Muhaliqinaru’usakum#wamuqosirina latahafun
Meneng jeng nabi amung saksaat#dhedhawuhna ing malaikat
Kalajeng pangeran paring rahmad #kalangkung syukur rawuhe nikmat
Ya Jibrail kebat amatur #mengke jeng nabi kinon acukur
Nabi muhammad tuwan acukur#dhawuh jeng nabi kula acukur
Yen kula cukur kersane allah#ya jibrail matur ana ing allah
Nabi Muhammad kasihe allah#jibrail maras jeng rosulullah
Nabi ngandika ing malaikat#sampeyan nuwun ingkang lumafat
Kuluk kula niku kang pundi#rihane tuwan kinuwun marasi
Ya jibrail matur ing allah#nuwun kuluk jeng rosulullah
Ya ilahi anta pangeran #pundi kuluk kasihe tuwan