Cari disini

05/10/11

MGMP Basa Jawa Kab. Blitar studi banding menyang Banyuwangi

Para guru basa jawa kabupaten Blitar bakal nganakake studi banding menyang kabupaten Banyuwangi. Rombongan kang direncanakake budhal saka Blitar tanggal 10 Oktober 2011 mengkone akehe kurang luwih 52 pawongan. Rombongan bakal teka esuk cumondhok ana ing hotel Minakjingga Glenmore kanggo sarapan esuk.

Acara studi banding iki bakal dipapanake ana SMPN 1 Kalibaru tanggal 11 Oktober 2011. Miturut rencanane panitia, acara bakal kawiwitan jam 8 esuk kanthi dipun bikak dening kepala dinas pendidikan kab Banyuwangi. Mula dipun ajab para guru basa jawa Banyuwangi minangka kang kagungan dalem bisa angestreni rawuh ana ing kono tepat waktu utawa rawuh luwih esuk katimbang kedhisikan tamune.

Adicara kang bakal dirembug gegandhengan karo pengalamane pengurus MGMP, lan pembelajaran basa jawa. Miturut sumber kang daktampa, kang bakal atur pangandikan :
1. Bp Jumingan : Guru SMPN 1 Genteng (guru ingkang sertifikasi basa jawa kanthi pendidikan non basa jawa
2. Bp. Supono : Guru SMPN 1 Bangorejo (guru basa jawa ingkang nguwaosi ilmu komputer)
3. Bp. H.Sholeh Triyono : Pengawas dikmen kab. banyuwangi

Adicara uga diregengake dening para siswa kang bakal nyuguhake karawitan, maca guritan, muga-muga bisa lumaku kanthi rancag, ora nguciwani, bisa migunani. Iguh pratikel, panjurung, panyaruwe saka para kadang kalibaru, glenmore, genteng, banget diantu-antu, utama kanggo teka luwih esuk sabab papane manggon ing kab. banyuwangi sisih kulon.