Cari disini

23/11/11

Guritan kanthi irah-irahan Owah Gingsir

OWAH GINGSIR
Dening : kangprapto
(Pandan-Genteng-anyuwangi, 25 Juli 2007)

Anggungge perkutut ora kaya adate
ngungkung kumandhang sakiwa tengene
saben isuk dikerek dhuwur ana gantangan
ana alangan kang ngadhang-adhang

ocehing beo kang pinter
tambah banter ana ing omah marmer
saya ndeder anggone kekiter
nyamber-nyamber
nladhung nladhung
kang panggone luwih dhuwur

perkutut kuwi bali kaya wingi uni
marang kanca kumpul nyawiji
dwija kang piguna
tumrap pra siswa kang olah basa
tangga kanca kang wis duwe rasa rumangsa
pangkat panguwasa ora digawa
pralaya

kandhang anyar nggawe perkutut
ayem tentrem, rasa kang wis suwe ilang
ngungkung senajan seminggu mung telung dina
balewisma seneng nampa

05/10/11

MGMP Basa Jawa Kab. Blitar studi banding menyang Banyuwangi

Para guru basa jawa kabupaten Blitar bakal nganakake studi banding menyang kabupaten Banyuwangi. Rombongan kang direncanakake budhal saka Blitar tanggal 10 Oktober 2011 mengkone akehe kurang luwih 52 pawongan. Rombongan bakal teka esuk cumondhok ana ing hotel Minakjingga Glenmore kanggo sarapan esuk.

Acara studi banding iki bakal dipapanake ana SMPN 1 Kalibaru tanggal 11 Oktober 2011. Miturut rencanane panitia, acara bakal kawiwitan jam 8 esuk kanthi dipun bikak dening kepala dinas pendidikan kab Banyuwangi. Mula dipun ajab para guru basa jawa Banyuwangi minangka kang kagungan dalem bisa angestreni rawuh ana ing kono tepat waktu utawa rawuh luwih esuk katimbang kedhisikan tamune.

Adicara kang bakal dirembug gegandhengan karo pengalamane pengurus MGMP, lan pembelajaran basa jawa. Miturut sumber kang daktampa, kang bakal atur pangandikan :
1. Bp Jumingan : Guru SMPN 1 Genteng (guru ingkang sertifikasi basa jawa kanthi pendidikan non basa jawa
2. Bp. Supono : Guru SMPN 1 Bangorejo (guru basa jawa ingkang nguwaosi ilmu komputer)
3. Bp. H.Sholeh Triyono : Pengawas dikmen kab. banyuwangi

Adicara uga diregengake dening para siswa kang bakal nyuguhake karawitan, maca guritan, muga-muga bisa lumaku kanthi rancag, ora nguciwani, bisa migunani. Iguh pratikel, panjurung, panyaruwe saka para kadang kalibaru, glenmore, genteng, banget diantu-antu, utama kanggo teka luwih esuk sabab papane manggon ing kab. banyuwangi sisih kulon.

14/04/11

Ayo padha melu lomba ngarang Crita Abasa Jawa

Kanggo para siswa SMP/SMA ayo padha melu lomba ngarang crita basa jawa kang diadani dening Yayasan Saworo Tino Triatmo (YASATRI)
Aturan kang kudu dieloni:
1. Irah-irahan : bebas
2. Tema : Ngudi kas kayaning budaya jawa kanggo ngawekani laku brangasan ing madyaning para mudha
3. Diketik MS word 97-2003, ora luwih saka 5 kaca ukuran folio, spasi 1, font 11.
4. Asli asil karya pribadi para siswa durung dipacak ing media, dikanthi surat pengantar/katrangan kepala sekolah.
5. Dikirim sakdurunge 31 JULI 2011 marang pengurus YASATRI
6. Alamat email: bs2751950@yahoo.com utawa bs2751950@gmail.com

Hadiah lomba ngarang crita basa jawa kang direbutake lumayan gedhe total yaiku 7.000.000 kanggo juara siji nganti teka juara harapan. Kanggo luwih jangkepe bisa dipirsani ing kene, http://ppsjs.blogspot.com/