Cari disini

17/09/12

PIWULANG SAKA KI HAJAR DEWANTARA

Piwulang saka Ki Hajar Dewantara:
Agama iki piwulang, kang ing tataran kapisan mulangake bab anane Gusti Kang Maha Kuwasa, kang ngatur kanthi sampurna sakehing kang ana, sarta netepake anane urip langgeng sawise uriping manungsa ing donya iki.
Ing tataran kapindho sakehing agama iku mulangake kuwajibaning manungsa tumrap ing lair lan batin laras lan piwulangane Ka-Tuhanan mau. Akhire ing tataran kang kaping telu, nganakake tatanan mungguhing tumindake kuwajiban mau.
Senajan dhasare kabeh agama iku padha, nanging sarehne ana cara (“stelsel”) utawa dhapukan-dhapukan tartamtu, mula lawasing lawas kapercayan batin (religie) iku banjur dadi agama kang tumata (godsdienst).
Marga saka iki saya suwe timbul tatanan-tatanan khusus kang mbedakake agama kang siji karo agama liyane, uga ing bab etika utawa wulangane, malah ing ndalem kapercayane dhewe-dhewe, saya suwe katon prabedane ing anatarane agama-agama mau. Malah ing agama siji uga asring ana beda-bedaning paham, nganti nuwuhake anane sekten utawa lairan-aliran.
(sumber saka BURATSARI)

10/09/12

swara jejeg lan swara miring


swara jejeg iku swara karo tulisane padha, tulisane i diwaca /i/ ing tembung kunci ateges swara i jejeg, dene yen tulisane i nanging diwaca /e/ ing tembung dening ateges swara i miring, luwih jangkepe ana ing tabel swara jejeg lan swara miring.

Swara jejeg lan swara miring iki banget dipentingake marang sapa wae sing pengin ngucapake tetembungan kankthi pangucap kang pener lan bener supaya maknane tembung ora kliru. Dipentingake kanggo maca geguritan apadene lelagon tetembangan, sarta sabisa-bisa digunakake ana tata pasrawungan. Ora lali ing tata tulis panganggone swara ing aksara latin kudu luwih disetitekake, luwih cetha yen sinau nulis aksara jawa migunakake sandhangan swara.