Cari disini

30/11/09

RUKUN.doc

RUKUN

Dening:kangprapto

Kaliputih-Genteng-Banyuwangi, 20-5-2006

 

 

Rukun Tanggane

Rukun Wargane

dudu tontonan

dudu keplok-keplokan

 

jotos-jotosan

sikut-sikutan

padha rebutan

wedi ora kebagian

 

ora mung rakyat

malah para pejabat

padha wedi mlarat

uripe sekarat

lali marang kodrat

 

manungsa

gedhe-cilik lanang-wadon

kulit putih ireng sawo mateng

dedeg lencir dhuwur cendhek

beda-beda iku pratandha

Kuasaning kang AKARYA RAT

 

Manungsa padha manungsane

Padha-padha sumbere

Ing donya mampir ngombe

Urip ora suwe

Ora langgeng selawase

Rukun ing kulawargane

Rukun Tanggane Rukun Wargane

Rukun Negarane Rukun Donyane

Slamet Akherate


Tidak ada komentar: