Cari disini

14/10/09

LINDHU.doc

LINDHU, OBAHE BUMI MURKANE GUSTI

Dening: kangprapto

(Kaliputih-Genteng-Banyuwangi, 14-10-2009)

 

Lindhu iku obahe bumi

Ahli geologi lapis bumi menempatkan diri

Para sufi iki murkane GUSTI

Hakekat paring isyarat

Donya punika kathah piala

Ayo padha elinga

Kang KUWASA

 

Manungsa lali kodrate diri

Manembahing GUSTI

Kang MAHA SUCI

Drengki srei ginelar sandhuwure bumi

Golek rejeki kaya ora bakale mati

Dalan salah denliwati

Gawe lara ati sesami

 

Lindu, obahe bumi murkane GUSTI

Pujiku mring HYANG WIDHI

Mugi tinebihna ing bilahi

Ing dinten kawuri

Kang bakal dumadi

Mugi ALLAH nyembadani

Eling urip kang sejati

 

Siti sipat suci

Apa kang tinandur mesthi thukul

Tanah sipat eklas

Apa kang sinangga bakal tinampa

Simpen keras celathu tanpa bayu

Tikel ilate kel ketikel ngucapne awake dhewe

Jenjem tentrem slamet

 

 


Tidak ada komentar: