KIDUNG SAPELE
Apa mulane, kidung sapele, bisa gawe trenyuhing ati, ngelam-lami,
angangeni, apa baya ta wadine ? Layake karana isi sastramilir, purwakanthi,
kridhaning rasa-pangrasa, obahing jiwa manungsa.
Al Qur’an : II/261
Wong kang kanthi ihklas ngetokake bandhane miturut dalaning Allah,
iku bebandhingane kaya dene nyebar wiji sa-elas, banjur thukul acawang pitu lan
saben pang metu wohe satus iji. Lan Gusti Allah bakal nikelake ganjaranNe
tumrap umate kang dikersakake, Jer Gusti Allah iku pancen Maha Murah lan Maha
Priksa.
PASTHIKA RASA
Lelaraning awak lan lelaraning ati iku panggonane ing ilat.
Sing sapa temen marang awake dhewe, ora bakal goroh marang wong liya.
Bebasan mung sakedhap netra manungsa iku bisa ngebrukake wreksa kang
gedhene sabuta kang umure wus ma-atus-atus taun.
Antarane kaluhuran karo kanisthan iku mung sajangkah dohe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar