Agama
iki piwulang, kang ing tataran kapisan mulangake bab anane Gusti Kang
Maha Kuwasa, kang ngatur kanthi sampurna sakehing kang ana, sarta
netepake anane urip langgeng sawise uriping manungsa ing donya iki.
Ing
tataran kapindho sakehing agama iku mulangake kuwajibaning manungsa
tumrap ing lair lan batin laras lan piwulangane Ka-Tuhanan mau. Akhire
ing tataran kang kaping telu, nganakake tatanan mungguhing tumindake
kuwajiban mau.
Senajan
dhasare kabeh agama iku padha, nanging sarehne ana cara (“stelsel”)
utawa dhapukan-dhapukan tartamtu, mula lawasing lawas kapercayan batin
(religie) iku banjur dadi agama kang tumata (godsdienst).
Marga
saka iki saya suwe timbul tatanan-tatanan khusus kang mbedakake agama
kang siji karo agama liyane, uga ing bab etika utawa wulangane, malah
ing ndalem kapercayane dhewe-dhewe, saya suwe katon prabedane ing
anatarane agama-agama mau. Malah ing agama siji uga asring ana
beda-bedaning paham, nganti nuwuhake anane sekten utawa lairan-aliran.
(sumber saka BURATSARI)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar