KODRATE RIKMA
Dening: kangprapto
Kaliputih-Genteng-Banyuwangi, 21-5-2006
Pralambange priya wanodya
pratandha enom tuwa
kuwi jaman kuna
saiki trend emansipasi
asil perjuwangan Kartini
kabeh-kabeh kudu madhani
Wong lanang nganggo diklabang diingu dawa ora tumata
Wanita mung cendhak sadhuwure pundhak
Modernisasi globalisasi
praktis ekonomis, ora ruwet, ora sumuk Mas,
Apa padha ora nyana?
Besok bakal oleh pitanya
dening kang maha kuwasa?
Geneya padha ngingkari kodrat?
Wis diwenehi ora dipepetri
Putri dipotong sakuku driji
dikintirake ana kali
yuswa panjang dipepuji
disawang edi ndudut jroning ati
pratandha putri sejati
Lanang ora nganggo giwang
diklabang ala disawang
dinulu katon wagu
dipotong supaya padhang
oleh cahyaning Hyang
pratandha syukuring dhiri
maring Gusti kang wis maringi
4 komentar:
sarujuk.............
sarujuk...........
ok, mugi migunani
salam kenal,
kula (http://ptkguru.com) ugi guru bahasa jawa ing SMP 1 Wonokerto Kab. Pekalongan.
nuwun
Posting Komentar